minem cah ndeso








PETENGING WENGIsumribit angin ngelus langit soremanuk sriti bali ing pucuking cemaranganti tekaning wengi sing nyenyetgawang-gawang katon pasuryanmugawe tambah kekesing angin soretumlawung rasa kang ngulandarawengi bakal tumeka manehbareng karo wewayanganmukang bakal ngebaki impen petenging wengilumaku turut petenging lurungbakal gawang-gawang campur mega-megaapa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?PEPADANG BAKAL TUMEKAangrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandunganmecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samunbumi kang kapidak kebak sinengkeranggawa ganda bacinmanuk manuk dhandhang kekitrang wayah sorepeteng kang gemuleng ing angganing manungsawus sinerat ana ing kitab duk ing unipepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungahkanggo kita sami jalma manungsakang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samunamadhangi sakendhenging jagat rayamara gage kita sami tumenga ing angkasamangayubagya rawuhipun sang pepadhangkanthi mesu raga nutup babahan nawa sangamangestu nampi pepadhang …..

Postingan terkait:

1 Tanggapan untuk "minem cah ndeso"

Blogger news